Harianblora.com Mengucapkan Selamat Menjalankan Puasa Ramadan&Mengajak Warga Jaga Kesehatan&Memutus Penyebaran Corona

Latest News

Kabar bahagia! bagi Anda, mahasiswa, guru, dosen dan siapapun yang ingin menerbitkan buku mudah dan murah, silakan kirim naskah ke formacipress@gmail.com dan kunjungi www.formacipress.com

Saturday 6 December 2014

Metode Penulisan Karya Ilmiah Bahasa Jawa



Oleh Indra Bagus Kurniawan

Metode Penulisan Karya Ilmiah Bahasa Jawa
BAB III
METODHE PANULISAN
Metodhe Panaliten

Jenis panaliten sing digunakne yaiku panaliten kualitatif. Panaliten kualitatif iku nganggo teknik analisis kang jero, njlentrehake lan mratelakake  perkara siji mbaka siji. Panaliten kualitatif yaiku panaliten kang ilmiah, sing nduweni ancas kanggo mangerteni salah sawijining fenomena sajroning konteks sosial kanthi alamiah lan ngutamakake proses interaksi komunikasi kang jero antarane panaliti lan fenomena kang kateliti (2010:9).

Teknik Ngumpulake Dhata
Panaliti nggunakake metodhe studi pustaka, metodhe studi pustaka yaiku salah sawijining cara kanggo ngumpulake katrangan sing dibutuhkake  kanggo panaliti lumantar sumber referensi katulis kang jumbuh karo perkara kang ditaliti. Panaliti ngayahi studi pustaka kanthi buku referensi. Sawise entuk bahan panaliten, panaliti milih lan milah dhata-dhata kang jumbuh lan ndhukung tema saka perkara kang ditaliti sajroning karya tulis iki (2010:34).
Panulis uga nindakake pangumpulan dhata kanthi wawanrembug kang katujukake marang Mbah Lasio lan Mbah Poso kang minangka generasi kaping papat saka tokoh Samin ing Desa Klopoduwur, Kecamatan Banjarejo, Kabupaten Blora.

Teknik Analisis Dhata
Sajroning karya tulis iki, panaliti migunakake metodhe triangulasi dhata. Triangulasi kena ditegesi minangka teknik ngumpulake dhata kang asipat ndhapuk saka sawetara teknik pangumpulan dhata lan sumber dhata sing wis ana. Panaliti ngumpulake dhata kanthi triangulasi, tegese panaliti ngumpulake dhata sing uga nguji kredibilitas dhata, yaiku mriksa kredibilitas dhata kanthi sawetara teknik pangumpulan dhata lan sawetara sumber dhata. Triangulasi teknik, tegese panaliti nggunakake teknik ngumpulake dhata  kang beda-beda kanggo nemokake dhata saka sumber  sing padha. Panaliti nggunakake observasi partisipatif, wawan rembug lan dokumentasi kanggo sumber dhata sing padha kanthi bebarengan. Proses analisis dhata sing diayahi panaliti yaiku mangkene :
Reduksi dhata
Ngreduksi dhata tegese ngrangkum, milih babagan sing pokok, focus/ pancer marang perkara sing penting, digoleki temane lan polane.
Display dhata
Display dhata yaiku nyugatake dhata, saengga dhata sing ditemokake terorganisasi lan gampang dimangerteni.
Conclusion Drawing
Conclusion Drawing tegese narik dudutan. Dudutan kawitan sing disugatake isih duweni sipat sawetara, lan bakal owah menawa ora ditemokake bukti-bukti sing kuat.


Baca juga: Etika Politik Menurut Ajaran Samin Blora.
  • Blogger Comments
  • Facebook Comments

0 comments:

Post a Comment

Item Reviewed: Metode Penulisan Karya Ilmiah Bahasa Jawa Rating: 5 Reviewed By: Harian Blora