Harianblora.com Mengucapkan Selamat Menjalankan Puasa Ramadan&Mengajak Warga Jaga Kesehatan&Memutus Penyebaran Corona

Latest News

Kabar bahagia! bagi Anda, mahasiswa, guru, dosen dan siapapun yang ingin menerbitkan buku mudah dan murah, silakan kirim naskah ke formacipress@gmail.com dan kunjungi www.formacipress.com

Saturday 6 December 2014

Ajaran Samin dan Pancasila



Oleh Indra Bagus Kurniawan
Tulisan ini Kadhapuk Kanggo Melu Lomba Karya Tulis Ilmiah Pelestarian Kebudayaan Daerah 2014


Ajaran Samin dan Pancasila
Pancasila yaiku dhasar negara sing kadhapuk saka limang perangan kanthi isi piwulang luhur kang  gegayutan siji lan liyane. Piwulang-piwulang luhur kasebut prayogane dicakake kanggo tuwuhing kahanan kang tertib sajroning kagiyatan-kagiyatan politik. Piwulang luhur kang dikarepake antara liya:

Ketuhanan Yang Maha Esa
Sila Ketuhanan Yang Maha Esa jroning kagiyatan politik duweni teges kabeh paragane ora kena duweni tindak tanduk kang anti agama. Saben agama duweni piwulang luhur kang wigati saperlu dicakake jroning kagiyatan politik. Perkara kuwi jalaran agama ora tau mulang wuruk tumindak kang ala lan bisa nuwuhake kapitunan. Yen saben paraga politik duweni tindak tanduk religius, ora mokal kagiyatan-kagiyatan politik bakal lumaku kanthi lancar tanpa rubeda. Sajroning piwulang Samin ana angger-angger “Eling sing kuwasa” kang tegese supaya manungsa tansah iman marang Gusti. Ing piwulang kuwi wis nggambarake Pancasila sila kaping pisan.

Kemanusiaan Yang Adil dan Beradab
Sila Kemanusiaan Yang Adil dan Beradab jroning kagiyatan politik ateges yen para paraga politik sadhar marang piwulang-piwulang lan norma-norma kang diugemi. Kajaba kuwi, para paraga politik uga kudu duweni tumindak beradab kang ateges duweni sifat andhap asor, lan ngugemi tata krama. Upama para paraga kagiyatan politik wis duweni tumindak iki, dheweke ora bakal nerak wewaler amarga rumangsa yen dheweke duweni wates kang ora bisa diterak. Sajroning piwulang Samin ana wewaler lan angger-angger  “Aja ngrenah liyan!”, “Ora nerak wewalerane negara”, “Ora sepata nyepatani” lan “Ora cidra ing janji” kang  mulangake adab lan tumindak kang becik kanggo para manungsa. Piwulang Samin kuwi wis nggambarake Pancasila sila kaping pindho.

Persatuan Indonesia
Sila Persatuan Indonesia jroning kagiyatan politik ateges kabeh paraga kagiyatan politik kudu tetep utuh lan ora geseh panemu anggone nindakake kagiyatan politik kang padha saingan antara siji lan liyane. Dheweke ora kena ngutamakake kepentingane dhewe utawa kepentingan kelompok politike tuladhane kaya partai. Sansaya crah, bangsa iki bakal sansaya ringkih. Kosok balene yen padha manunggal bakal bisa gawe digdayaning bangsa. Sajrone piwulang Samin, ana angger-angger  “Seduluran, ora seneng kemungsuran, lan tresna pepadhane urip” kang intine mulangake supaya tresna marang pepadhane manungsa lan ora padha mungsuhan.

Piwulang kuwi nggambarake Pancasila sila kaping telu.
Kerakyatan Yang Dipimpin oleh Hikmat Kebijaksanaan dalam Permusyawaratan/ Perwakilan
Sila Kerakyatan Yang Dipimpin oleh Hikmat Kebijaksanaan dalam Permusyawaratan/ Perwakilan, jroning politik ateges yen panguwasaning dhemokrasi kang paling dhuwur nyata-nyata dumunung ana ing rakyat. Pratelan iki ateges sajroning lakune dhemokrasi ora kena ana intimidasi utawa tumindak-tumindak culika kang katindakake dening para politisi saengga bisa ngrebut kamardikan anggone milih wakil rakyat tuladhane yaiku politik dhuwit (money politic). Peran lembaga perwakilan rakyat kang sejatine kanggo wadhah panemune rakyat uga kudu nyata-nyata makarya kanggo kasantosaning rakyat, dudu kanggo ngebaki bandhane dhewe. Sajroning piwulang Samin ana angger-angger “Ora nerak sing dudu sak mesthine” kang mulangake supaya ora nyalahi takdir kang pengembangane isa uga ngrebut kamardikane rakyat kanggo nemtokake pilihan jroning Pemilu lan praktik  money politic.

Piwulang kuwi wis nggambarake Pancasila sila kaping papat.
Keadilan Sosial Bagi Seluruh Rakyat Indonesia
Sila Keadilan Sosial Bagi Seluruh Rakyat Indonesia, jroning kagiyatan politik ateges yen kabeh rakyat duweni hak kanggo melu langsung jroning donya politik yen pancen wasis ing perkara politik. Bakale, politik sing ana ora mung politik dinasti umpamane ing sawijining partai kanthi pengurus saka anggota kulawarga saka pangarsa partai kasebut. Semana uga ing proses hukum, upama ana politisi kang pancen nerak paugeran kudu kena proses ukuman manut katemtuan kang lumaku tanpa ngelingi drajat, pangkat, bandha, lan donyane. Sajroning piwulang Samin ana angger-angger “Ora seneng rewang” kang mulangake supaya manungsa ora kena emban cindhe emban siladan. Piwulang kuwi wis nggambarake Pancasila sila kaping lima.

Saka wedharan kasebut kaluhurane piwulang Samin trep yen dicakake ing sajroning kagiyatan politik kang lumaku ing Indonesia. Supaya piwulang Samin bisa dicakake ing kagiyatan politik, perlu anane gethok tular saka sawijining individu marang individu liyane kanthi cara non formal kayata nalika ing pasrawungan. Kajaba saka iku bisa ditindakake kanthi cara formal kayata kegiatan belajar mengajar ing sekolah.

  • Blogger Comments
  • Facebook Comments

0 comments:

Post a Comment

Item Reviewed: Ajaran Samin dan Pancasila Rating: 5 Reviewed By: Harian Blora